Monday 17 April 2017

GPI Kunjungi Taryono Penderita Udun/Bisul Dikepala









Sedulur ...... Sedurung Wa Dulsakin njaluk di pangapura, maklum jagate lagi akeh wong hajatan Wa Dulsakin di sambat majengan.
Mung sing wis nitip shodaqoh ning GPI aja cilik ati lan sempit ning pikir. Team GPI sing ning lapangan masih semangat lan istiqomah kelawan niat. Arep lan terus ana ning tengah-tengah sedulur kita kabeh sing butuh aken, walaupun apa sing di distribusikan GPI durung bisa mbilas sedih sing lagi ngganduli.
Bengi kien sedelat kita kabeh bareng-bareng ngerasa aken due wudun cilikk ning boong, srog priben rasane !!!!!
Sukurana sing wis di pai waras, sebab sedulur kita sing arane Kang Taryono lagi nduweni wudun sing anane ning endas. Njaluk pendongane mugi wudune Kang Taryono gage waras bari Kang Taryono bisa molah maning lan bisa ibadah sing wekel. Bokat ana sing pengen niliki monggo teka bae ning alamat Sidedel blok Ki bubat Sindang Pekerjaan.
#GPI/523/16/04/2017


Sumber info dari :
https://www.facebook.com/gerakan.indramayu/posts/1822790491377405

Foto :
Peduli Indramayu

No comments:

Post a Comment