Monday 21 May 2018

Sandi Nguji Kesetiane Sani - Karya Cen Lie

Jagate waya sore ning tempat adoh sing uma umae wong, kedeleng wong lanang lan wadon sing lagi pada dodok loroan ning sesore wiwitan kersem. Wong loro lanang lan wadon iku Sandi lan Sani.

Sandi : Nok, reange duwe demenan maning. Noke aja nyewot ya?

Sani   : Ya wis, baka kakange wis bli demen ning nok sih, nok gah iklas kang.

Sandi : Noke bli sewot tah?

Sani   : Bli kang.

Sandi : Ya wis baka mengkonon mah, dina kiyen wong loro wis bli demenan maning ya nok. Kita wong loroan ning kene mung ana wit kersem bae sing dadi saksine yen kita wong loro wis dudu maning demenan nanging wong loro kih mung bebaturan.

Sani  : Iya kang. Nok gah seneng baka deleng kakang seneng, senajan kakang wis dudu maning demenane nok.

Sandi : Ampura bae kakang ya nok. Bolat kakang duwe salah lan gawe atie nok lara.

Sani   : Pada bae kula gah kang jaluk maape bae.

Sandi : Ya wis nok, ayo balik nok, tek anteraken nok meng uma.

Sani   : Ayo kang.

Lawase telung wulan singawit Sandi mutusaken Sani, wong loroane pada pada bli ngupai kabar maning, wis bli kaya bengen pas lagi masih demenan. Waya esuk Sandi sing dawu pragat adus lan wis katon dandan rapih, pas wayae garep ninggalaken umae, Sandi deleng surat sing ana ning sor persis lawang arep.

Sandi : Surat apa kiyen kih? Sing sapa ya? (sandi waca surat kuwen)

Sewise Sandi waca surat kuwen kuh trus Sandi langsung bae marani meng umae Sani.

Sani    : Kang...

Sandi  : Iya nok. Kakang wis waca surat sing nok. Tapi senoke emang demen tah karo wong lanang sing garep di jodohaken kelan nok kuh?

Sani    : Nok kuh bli demen kang, nok kuh demenen ning kakang bae. Tapi nok kuh keder kang.

Sandi  : Keder nang apa noke kuh?

Sani    : Jare omongane Kakang kuh yen kakang wis duwe demenan maning, alesan kuwen kuh sing gawe kakang bisa mutusaken hubungan kelan senok.

Sandi : Sani, kakang kuh bebodoi nok bae, padahal kakang kuh sampe seprene gah durung duwe demenan, cintane kakang enggo senok bae.

****Sekian****

Cen Lie

No comments:

Post a Comment