Wednesday 15 March 2017

Tim Gerakan Peduli Indramayu Kunjungi Ibu Ani Janda Miskin


Jare kandane Ustad Nuriman sapa bae wong kang menggawe lan ngupai sebagian rejekine kanggo rangda lan wong mlarat.
Iku pada karone wong sing lagi ning dalan jihad atawa wong sembayang tahajud waktu bengi atawa wong puasa ning jagat awan.
Winginane Dulyamin enom olih tugas negara di kongkon nemoni Yayu Zahrotul Fatimah kanggo nganter dolan ning umahe Ma Ani sing dadi lelakon rangda maesan.
Alhamdulillah Dulyamin bisa ketemu karo Ma Ani lan di upai jabur Korma. Mung di protes ning Yayu Zahrotul. "Kien mah dudu korma Mang .... Kien mah jare wong Langut arane Boled !!".
Mung aja di arani Dulyamin baka bli bisa mebela diri.
"Yayu ..... Baka jare Bapa tua reang mah, sing arane Korma ya kaya kenen. Mung sejen tetanduran bae, ari ning Arab mah wohe ning duwur bentuke cilik. Ari ning Dermayu wohe gede, nyoKore ning leMah. Dadi di arani Korma alias nyokor ning Lemah.
Sejabane kanda Dulyamin karo Yayu Zahrotul monggo sedulur kabeh sing due rejeki luwih. Wong mlarat, rangda maesan, yatim piatu pada di tiliki. Lamon bisa keluarga dewek sing parek dipit.
Dari Salman bin Amir radhiallahu ’anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
إِنَّ الصَّدَقَةَ عَلَى الْمِسْكِينِ صَدَقَةٌ، وَعَلَى ذِي الرَّحِمِ اثْنَتَانِ صَدَقَةٌ وَصِلَةٌ
“Sesungguhnya sedekah kepada orang miskin (yang bukan keluarga) nilainya hanya sedekah, dan sedekah kepada kerabat, nilainya dua: sedekah dan silaturahmi.” (HR. An-Nasa’i 2582, Ibn Majah 1844, dan dishahihkan al-Albani)
#GPI/489/13/03/2017

Sumber info dari :
https://www.facebook.com/gerakan.indramayu/posts/1801026013553853?pnref=story

No comments:

Post a Comment